PELATIHAN ADICARA LAN SESORAH DI GULUREJO

05 November 2026
Admin
Dibaca 49 Kali
PELATIHAN ADICARA LAN SESORAH DI GULUREJO

Gulurejo (05-11-2026). Kanggo nguri-uri lan nglestarekake kabudayan Jawa, Pemerintah Kelurahan Gulurejo ngadani pelatihan Adicara lan Sesorah ing dino Rebu tanggal 04 Nopember 2026 jam 19.00 WIB, ono ing Pendopo Kelurahan Gulurejo. Kegiatan iki ditujokake kanggo para warga lan mudha-mudhi supaya luwih nyengkuyung lan percaya dhiri nalika nggunakake basa Jawa krama ing adicara resmi utawa pasrawungan padinan.

Pelatihan kasebut dianakake ing Pendhapa Kelurahan lan ditekani dening puluhan peserta. Minangka narasumber, Pemerintah Kelurahan ngrawuhake Bapak LUDIYANTO sing wis berpengalaman ing acara kepratacaran.

Ing jaman saiki, akeh generasi mudha sing ngrasa wedi utawa isin nalika didhawuhi dadi MC utawa sesorah nganggo basa Jawa. Akeh sing wedi kleru nggunakake undha-undhihing basa (tingkatan bahasa). Amarga kuwi, pelatihan iki dadi sarana sing pas kanggo sinau bareng. Para peserta diparingi kawruh babagan Teori Peran Pratacara Adicara dan belajar Kosa Kata Krama Inggil.

Liwat pelatihan iki, dikarepake para mudha ora mung dadi penonton ing tengahing gempuran budaya modern, nanging bisa dadi paraga (pelaku) sing njaga luhure peradaban lan busana lan basa Jawa ing tembe mburi.